Saturday, April 15, 2006

Gak Penting Seh?

Meh posting opo?
Lha mbuh! Iki ngisi juga sing mekso mekso Yu "Tukang Mangan" Ati. Durung enek wangsit, clue, maupun petunjuk-petunjuk akan apa yang harus diposting. Aiiiyaaakkk!

Yowis, kene kene kenalan sek maseeeeee.....mbakeeeee.....pakdeee.....mbokdeeee dan para mbloggers sejatih! Perkenalken, nami kulo Yu Ginah. Alah jenenge mbokde, membuat geger alam raya! Lha emang iku jeneng soko wong tuo. Kudu dilestariken, diuri-uri. Ngerti ora uri-uri?

Wis ah, lagi dodolan kok dikon ngobrol? Ngobrol entuk-entuk ae, tapi karo dodolan. Apa sampean-sampean ada yang mo beli jamu saya? Ada pegel linu, pria perkasa, galian rapet yo ono. Piye, gelem ora? Hubungi Yu Ginah lek sampean-sampean butuh. Price by request!

Yu Ginah

Thursday, April 13, 2006

Grand Opening

Nuwun sewu ...

Tepangaken ... nami kulo Yu Ati. Sampun sadean jamu wiwit rumiyin. Hahahhaha ... bakul jamu wae kok alus-alusan dasar kemayu. Dudu Yu Ati yen ora kemayu!

Mangke, bakal wonten konco kulo, nggih sami-sami sadean jamu dhateng warung jamu kulo niki! Itung-itung dados wanita modern! Ndamel bisnis piyambak sesama mantan bakul jamu kliling. Ya .... semacem bisnis woman ngaten lohhh ... kados Ibu Dewi Motik, Ibu Mooryati Soedibyo. [Halaaahh!]

Yu Ati